selamat datang blog kumpulan puisi pribadi saya

Total Tayangan Halaman

Jumat, 05 Agustus 2011

LAMUNAN MALAMKU

wengi wis sepi nglangut

nanging mripat iki angel di gowo nendro

wancine soyo ndalu suoro banyu ngricih

nambahi nglangut gon ku dewean tanpo konco

tak eleng2 opo seng biso nentrem no ati

suwe neng suwe kemutan piwulange

simbah kakung ,

le... wong urip kuwi kudu gemi setiti lan waspodo

jumbuhe ben iso uripmu mulyo

ojo nerak anger2 seng wes di peste'ke marang gusti kang moho agung

tak roso rasakne gon ku linggih ijen la sansoyo ngrambyang

kelingan dek semono neng deso

wancine ndalu mung ono ne ngrungokke

piwulange simbah kakung

nyambi ngudut nyanding teh anget jan ayem tenan

nek wes mari gone ugeman sami mapan turu

tanpo ono wigati seng ngeboti alam pikir

kelingan naliko semono wancine subuh

taseh turu gleses amergo udan ket bengi ora leren

lawang di gedor 2 simbah ..

tangi ....! tangiiii ...!!

wes awan kono kebone gek di ajak makaryo ,,

yo tak sauri ... mbah seh udan kae lo...

la opo jare simbah ... kebo kuwi nek udan malah seneng di gowo makaryo

atiku dongkol sak jagung2 , tak wangsuli simbah ku ,,, mbah la menungso kok di padak ke kebo to ..

la bukane simbah kakung ngerti la malah aku di seneni

yo wes pileh meneng , sidane yo budal mangkat nyang sawah nuntun kebo karo mikul luku

mlaku karo gresahan , duh gusti po yo ngene iki rasane wong urip

nangeng boso saiki yen tak pikir2 najan abote sepiro urip karo simbah

opo piwulange kok apik kbeh bab ekonomi lan piwulange sak kbehe pokok'e ora ono seng kleru

yo mung mungkin biyen jiwane sek enom dadine enenge mung pengen kepenak

kangen aku mbah marang jenengan

wengi wis sepi soyo nglangut

utek mlah muter seser mrono mrene

sang tak eleng mung babakan ono desaku

kelingan yen wancine padang bulan

madhangi pelataran ..

bocah-bocah padha dolanan ana latar

jamuran, dhelikan, lan gobaksodoran

padhang mbulan ana desaku

katon endah lan asri, krono ono lintang-lintang

gumebyar abyor madhangi bocah

dolanan gobaksodor nganti wengi

tak angen 2 kanti sirah ku ngelu yo

mung mlah bludrek sirahku

kbeh mau wes kliwat wektu ra biso di undur meneh

aku saiki kudu ngadepi kasunyatan

yen aku yo saiki wes dadi panutane kanggone anak2 ku

opo jaremu simbah kakung yoo.. saiki piwilang mu tak laksana'ke kbeh

mugi2 aku sak turun mu dadai menungso seng migunani tumrape awak'e dewe2 lan sak lingkungane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar