selamat datang blog kumpulan puisi pribadi saya

Total Tayangan Halaman

Jumat, 05 Agustus 2011

KANGEN SLIRAMU

bogor udan riwis-riwis nggawa angin gumanti

dadi marai males anggone makaryo

pengenne turu ,trus dugi mlebet sak jerone impen



kemutan dek kolo semono ,

naliko sliramu sek ono dek kene,

nanging sak iki seng ono mung roso kangen



sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar

lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang

tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung

tak kanthi lakumu tumeka ngendi



mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis

marakake gawe kekesing ati

manuk kepodang wus mabur mangulon

nanging tetep tak tunggu tekamu



wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur

wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih

ing dalan iki 12 tahun kepungkur

ana cerita rinajut endah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar